Jumat, 15 Juni 2012

MEMITRAN INGKANG ISLAMI


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Sagung Dewan Yuri ingkang dhahat sinudarsana………………….
Sagung Bapa Ibu Guru ingkang satuhu kinabekten ………………..
Para mitra, kakung miwah putri ingkang kula tresnani …………..
            Puji saha syokur konjuk wonten ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kula lan panjenengan,  sedaya titah ngantos lelumban sabdatama menika saged lumampah. Mugi tansah pikantuk ridla lan mumfangat ing donya ngantos ing akhirat. Amin. Shalawat saha salam mugi konjuk dhumateng junjungan kula lan panjenengan sedaya Gusti Rasul Muhammad SAW. Ugi dhumateng garwa, putra, shobat, tabi’in lan sedaya manungsa ingkang tansah ngrungkepi agami Islam.

Dewan Yuri ingkang dhahat pinundhi……………………..
Bapa Ibu Guru ingkang pantes sinudarsana……………….
Keparenga, kanthi andhap asoring lampah, kula cumanthaka kumowantun marak sowan ngabyantara wonten ngarsa panjenengan sedaya, ingkang saperlu angayahi lan ngemban jejibahan minangka duta wonten ing lelumban sabdatama menika, kanthi mendhet irah-irahan:


“MEMITRAN INGKANG ISLAMI”


Para sutrisna …………………………………………………….
Tembung memitran tegesipun srawung dhumateng tiyang sanes. Wondene “Memitran ingkang Islami”  nggadhahi teges srawung dhumateng tiyang sanes kanthi lelandhesan utawi  adhedhasar tuntunaning agami Islam. Sedaya sampun mangertos bilih pasrawungan utawi memitran dhateng tiyang sanes kathah mumpangatipun. Saged kangge njembaraken wawasan. Nanging menawi mboten ngatos-atos ugi saged damel cuwa lan ngrisak kawontenan. Manungsa mbetahaken mitra kangge gesang sesarengan wonten ing alam donya. Namung sampun ngantos anggenipun memitran tanpa milang-miling bab tuna lan bathinipun.

Para pamirsa……………………………………………………..
Sedaya sampun mangertos bilih manungsa wonten ing alam donya menika mboten saged gesang piyambak, inggih mesthinipun mbetahaken pambiyantunipun tiyang sanes. Pramila mboten nama mokal menawi kula lan panjenengan tansah mbudidaya amrih saged nindakaken pasrawungan utawi memitran dhumateng tiyang sanes. Kanthi memitran kala wau badhe saged mujudaeken ing bab kasaenan. Pramila menawi wonten tiyang sanes utawi tangga tepalih ingkang mbetahaken pitulungan dhumateng kula lan panjenengan mesthinipun inggih cekat-ceket cancut anggenipun paring pitulungan. Tumindak makaten menika sampun dados kuwajibanipun tiyang Islam, ingkang  jumbuh kaliyan dhawuhipun Allah SWT wonten ing Serat Al – Maidah : 2

Tegesipun : Padha lung tinulunga kowe kabeh marang kabecikan lan taqwa

Ayat menika ngandharaken amrih kula lan panjenengan tansah remen lung tinulung dhumateng kanca lan sesaminipun. Awit lung tinulung dhumateng mitra utawi kanca kala wau ndadosaken raketing pasedherekan ing antawisipun tiyang setunggal lan sanesipun, mliginipun kaum muslimin. Sedaya pambiyantu utawi pitulungan kala wau mesthinipun katindakaken kanthi raos ikhlas dhumateng Allah. Menawi sedaya tiyang Islam saged nindakaken, insya Allah saged mujudaken katentremaning masyarakat.

Para sutrisna kakung miwah putri ingkang satuhu kinurmatan………………

Wonten ing Serat:


Maknanipun: Muslim siji lan liyane kuwi sedulur, ora kena milara lan dipilara
Ayat/Hadits menika paring pitedah bilih tiyang muslim menika sedherek. Sarehning sedherek mesthinipun utawi saenipun inggih kedah ingkang rukun. Sianaosa makaten taksih kathah tiyang Islam ingkang dereng ngamalaken piwucal menika. Taksih remen mitenah, iri, drengki lan sanes-sanesipun, ingkang tundhonipun ndamel risaking anggenipun memitran dhumateng tiyang sanes.

Para sedherek……………….
Memitran dhateng tiyang sanes mboten sisah mbenten-bentenaken, awit kula lan panjenengan menika sami. Sedaya manungsa menika makhlukipun Allah SWT. Ingkang baken kadospundi caranipun amrih anggen kula lan panjenengan memitran dhateng tiyang sanes tansah manggihaken lan nuwuhaken ing bab kasaenan. Tuladha: Nalika mangsak lan badhe nyaosi dhateng tangga tepalih, saenipun mboten sisah kabentenaken Muslim lan mboten, ingkang celak ingkang dipun pentingaken. Namung kemawon, menawi badhe memitran dhumateng tiyang sanes langkung prayogi mangertosi sinten tiyangipun lan kados pundi kawontenanipun. Menawi saged pados kanca ingkang sae. Wondene menawi tiyang kala wau kirang sae, sampun ngantos kula lan paanjenengan gampil kenging pengaruhipun. Kepara saksaged-sagedipun mbudidaya damel saenipun tiyang sanes kala wau.

Para sutrisna……………………………
Sedaya tiyang Muslim menika sedherek pramila mangga kita wujudaken manunggaling warga Muslim ingkang saestu-estu manunggal. Ing antawisipun warga Muslim setunggal lan setunggalipun menika kados kulit kaliyan daging. Kanthi  manunggaling warga Muslim badhe ndamel kenceng lan kiyating pasedherekan. Kados ingkang dipun ngendikaken wonten ing Al Qur’an


Tegesipun: Berpegang teguhlah pada tali (agama) Allah, lan aja nganti padha crah
Kanthi makaten langkung cetha bilih Gusti Allah  remen dhateng tiyang ingkang tansah rukun dhumateng sesaminipun.

Para sedherek………………….
Sepisan malih, sejatosipun tiyang-tiyang Mu’min menika sedherek, awit saking menika dhumateng sesaminipun prayogi tumindak ingkang sae. Menawi menika saged katindakaken kanthi saestu karana Allah , insya Allah, Allah SWT badhe paring rahmat dhumaateng kula lan panjenengan sedaya.
Sampun nama limrah, bilih pasedherekan nggadhahi pangangkah wujuding katentreman masyarakat lan jenjeming manah, lan kedah tebih saking pepacuhan utawi crah. Awit saking menika setunggal lan sanesipun sampun ngantos pados menangipun piyambak-piyambak. Supados menapa ingkang kaaturaken dhumateng tiyang sanes saged katampi, prayogi  kula lan panjenengan kedah purun nampi pututuring tiyang sanes. Kita kedah ngaosi tiyang sanes. Kejawi saking menika kedah purun lung tinulung dhateng tiyang sanes, inggih menika paring pambiyantu kangge damel pangentheng-entheng kabetahnipun tiyang sanes. Ingkang baken damel kasaenan.

Para sutrisna………………………….
Saestu, menawi  bab menika enggal saged maujud, inggih menika memitran utawi pasedherekan ingkang lelandhesan ilmu agami, insya Allah masyarakat Indonedia badhe rukun lan tentrem kawontenanipun. Sampun ngantos kula lan panjenengan sedaya klentu anggenipun pados mitra. Pados mitra ingkang sae inggih menika ingkang saged damel kasaenan, sinaosa tiyang kala wau mboten sae akhlaqipun.

Para sedherek ……………………..
Minangka panutuping atur, mugi-mugi kanthi wontenipun lelumban sayembara sabdatama menika tansaha saged ngengetaken dhumateng kula lan panjenengan sedaya amrih anggen kula lan panjenengan memitran prayogi memitran ingkang sae. Memitran ingkang mumpangati lan damel tentreming kawontenan lan mboten damel horeging katentremaning masyarakat, ingkang tundhonipun badhe saaged mujudaken masyarakat Indonesia ingkang tata tentrem kertaraharja, tansah golong gilig saiyeg saeka kapti ing sedaya jejibahan ingkang tansah dipun ridlohi dening Allah SWT. Amiin.

Sagung para sarjana lan  sujana ingkang satuhu kinabekten, mliginipun dhumateng dewan Yuri ingkang satuhu kinurmatan……………………………….
Makaten saklimah ingkang saged kawula aturaken, kawula pitados bilih awit saking cubluking nalar, cupeting budi, kathah atur lan tindak kawula ingkang kirang trapsila punapa malih nalingsir saking paugeraning basa, pepuntoning atur: Tuku kupat ing pasar Ngasem menawi lepat nyuwun pangapunten, tuku kupat ing MAN III menawi lepat nyuwun pangapura.  


Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
   

Tidak ada komentar:

Posting Komentar